Mengambil data...
Frontend sedang membaca data terbaru dari backend Matyasloka.
Frontend sedang membaca data terbaru dari backend Matyasloka.
Nuwun-nuwun,
Tumraping ngakatah — langkung-langkung tumrap djagad-ing badrajan Djawi—sastra Ronggawarsita¹) nakatên gadah djarapargibawa sastra lan batos, kêtang kathahing lebetanipun ing rêh kilah-kilahipun punika wai. mboten sakedhik tilaranipun serat-serat ingkang nitnut isinipun saged kapilih-pilah dados 6 golongan, inggih punika :
Wondéné serat PAMORING KAWULA-GUSTI punika kalebet serat KABATOSAN ingkang kainipun dèrèk kalebet pendjenanipun sampun mêh puput juswa, kirang nèm wulanan.
Murih djangkeping wawasan, ing ngriki bab kapribadènipun sanggêp Radèn Ngabèhi Ronggawarsita perlu kagelar sawatawis kanti ringkes, ing paminahing wedaranipun sageda langkung dipun damangi. Mila makatên, awit asil-karja punika mboten saged kapisah-pisahaken saking ingkang jasa, liripun: “Ja karagpêng, ja pribadiné sing ngarêng”. Djalaran asil-karja makatên estunipun namung tijihna osiking inggih gambar kasudjanipun ingkang damel kagelar.
Radèn Ngabèhi Ronggawarsita punika putra Radèn Ronggawarsita II, wadya Radèn Tum. Sastranagara (Jasadipura II), mijos ing dinten Senèn Legi tanggal kaping 10 Rukangidah 1728 lan seda ing dinten Rebo Wulan Dulkangidah 1802 sarta kasarekaken wonten ing dusun Palar, dusun wijosanipun.